Hari ini Minggu 27 juni 2021, bangun sebelum jam 6, kemarin malam aku tidur sekitar jam 1 an, sesudah main game my hero acadamia2 dengan adik ponakan ku abi sampai jam 12, setelah itu aku tiduran sambil scroll hp lupa kemarin buka apa, setelah itu tau-tau langsung bangun tidur. setelah bangun tidur ke kamar mandi buang air sambil lier lier, setelah itu langsung wudhu sholat shubuh, mungkin udah qodho karena udah mepet jam 6an bangun, gek batas waktu subuh ki jam 5:48, haduh kayane mbendino qodho aku😔, sesok mugo2 iso shubuhan ning mejid amin. and then aku rodo lali, om udin karo lek anib kayane teko tumbas2 pas aku rampung sholat shubuh, ngeprank bpk 🤣 diarani wong tuku ternyata om udin, njut mmk dikon jagongi rodo sui, trus aku ditakoni bpk ces laptop e es pesen rung, aku jawab urung la mumbengi ono kumpulan muda mudi jut bar kui kesel trus bpk koyo arep marah ko biasane kae nek ra di tandangi2, trus tak tandangi goleki ning shopee ngasi lali nyapu lantai, trus bar kui rung sido ketemu free ongkir cod nganti nileki ning tokopedia baranag jebul ning toko pedia luih larang2 timbanh ning shopee pas iki ono event traktir rp0 ternyata ttp bayar ongkir, hadeh, pas kui aku ro mmku cek cek tokopedia, bar kui jut dikon tuku sayur aku jut mangkat ning ngablak, tuku sayur tahu sawi oseng, terong, tempe kering. trus ben pas 10000 tuku gorengan loro, aku ra mirengke nek dikon tuku gorongan 3000
bar kui aku bali jut kui tak centelke ning bgarep tv, trus sarapan, kui sekitar jam 8nan, bar sarapan ono pengumuman kerja bakti muda mudi, haduh iyo yo lali aku, padal jam 8 jadwale, aku terus ganti katok training jut mangkat, ha iki aku rodo error pas mangkat. yoan, es mlaku tekan ngarep omahe hendra aku rodo rapede karo raiku, trus aku bali raop sek, bar kui mangkat tekan ngarep omahe hendra meneh aku kelingan masker trus bali jikuk masker, gek aku rasane go masker kui koyo rapede jut tak sak wae, dan aku berangkat sendirian ke masjid. pas tekan kono beuh rasane canggung cemas, liane ketokke do ra ngowo hp aku ngowo hp dewe trus hpku tak selehke ning gudang cedak kamar mandi duwur crat, trus bingung gelisah iki kerjabakti aku arep ngresiki opo, liane do ingkul aku mah bingung dewe, padal asline okeh kerjaan(ket saiki aku isek durung reti kerjaan opo soale wes do ditandangi kbh wkwk) jane iso ngewang2i, tapi rak reti dewe aku canggung bet ro konco2 omah, nek aku delok liane ki do bergerak menurut naluri koyo do ra ono rasa canggung blas aku tok, paling tegar tak delok tingkah e wonge y ketok ko canggung tp ning chat pede. pas aku arep nyileh grenjeng gone tgar dee malah liuh pinter arep dibagi 2 tapi aku sek ra pinter wedi nek dibagi 2 ndak kecilien padal menurutku malah solusi kui.
akhire aku wingi kerjabaktine kur ngresiki jiduk we ra resik soale grenjenge selak dinggo si azis harus e aku sante wae asline iso go alat lio juga. jut bar kui bingung neh arep ngresiki opo kur ndelok wong resiki ember duwur kae ngilaki iteng iteng go grenjeng sek wetan deni sek kulon gusnafi trus si galang tekon kwe go hp to li? hoo, jut gendro nyilih arep ngo nyetel music aku mesti rodo rapercoyo e nek ro gendro/firman i soale senengane mbebedo aku e ket bien, rodo gojak gajek kae tak keh ke gek mbk mah barang delok aku karo senyum palsu, padal y betul ngo nyetel music raono liane emange arep ngopo go hpmu arep bukak2 aku rareti nek niat jahat laine, saat seseorang melakukan sesuatu secara berulang ulang kepada orang lain maka orang lain itu akan menganggap semua perlakuanmu semua seperti itu. lanjut sampai selesai kerja bakti aku kur raceto ngo pendorong banyu ngilai banyu ngasi kering, es ngono tok trus rampungan do jagongan kui es jam 10 an aku lingguh ning cedak azis adam aan tegar dafa sek ra sak umuranku wkwk, aku terdiam mungan sek wani takon ro aku kur azis ro adam, aziz "isek main chess ra li?" pas kui krunguku cs trus aku jawab ora, es ra main opo2 aku, jut bar jawab agi paham nek sek ditakokke ki chess, njut adam "main ml wae mas" le jeluk isek mas wae rasane koyo rung akrab ngono lo nek dijeluk mas i. azis "ngko mah dadi top global Gatot Kaca", aku meneng wae, adam "saiki apik y gatot kaca skill e", aku iseh meneng wae rareti ar ngomong opo soale, trus gantian aku sek takon takon nek aku raono liane topik e mesti sekolah, le ku ngomong karo rodo gugup kae "koe ki do lulus to?" adam "uwis, aan ae ra lulus", aku isek rung dong kui guyon, dafa "bla bla lali aku" initine marai paham ku ki wonge isek kelas piro rung lulus, trus aku takon "la kwe kelas piro" wonge mah ttp guyon padal aku takon tenanan tapi aku percoyo ro omongane dee, "kelas 8" , aku "berarti koe barakan e alwi" , aan "hoo", (trus pas ning omah aku takon alwi ternyata wonge es lulus, hadeh goblogku🤦) trus bar kui pembicaraan selesai. aku pindah gon soale semakin canggung, aku pindah ndodok ning cedake apip, wes meneng sek, jut rodo sui titik aku jut takon membuka pembicaraan lah, lagi lagi topiku sekolah raono liane, "koe es lulus to pop(ngomong ro rodo gugup soale jarang jeluk go parapan kui ning rpp ben ketok akrab)" trus dee jawab "ues" aku"kuliah ra" apip "ora, nganggur aku" aku "nganggurr?, biasane kan ono paltform go loker loker kan" apip "ono, ning adoh ono sik ning bandung barang" aku (rodo bingung ar jawab opo wkwk utekku cen lambat nek komunikasi ngeneki opo meneh pas gugup) "bandung, adoh juga y" padal iso: bandung, rpp angkati wae ning agek corona barang y aku kae es ketompo ning jakarta y ra tak angkati mergo korona karo pertimbangane ki y adoh ro wong tuo barang kui. ngono y iso wkwk. terus bar kui aku nyaran ke (ning ketoke dee yo ra tek paham karo sek tak omongke soale ra tek jelas juga) "golek ning lokerjogja.com wae jurusan mu opo kayu" trus aku meneng wae bingung padal iso: kayu rodo angel si nek golek online, mungkin koe melu blk wae, po koe golek kerjo sing ra sesuai ro jurusan mu rpp sih, ben wektune ora terbuang percuma. iso ngono banyak opsi jawaban ning ra kepiker wae. dialog end karo apip
trus apip pindah gon dee arep ngresiki lampu ketoke. trus aku yo pindah aku wisuh sek soale sikil ku reget jut pindah ning sandinge ardi ro azis deni, azis ro ardi agi ngobrol masalah bioskop deni agi sibuk ro hpne, aku isek meneng wae, trus si agil takon hp mu tok jikuk rung mou soale rak dinggo musik kan, jut dijikukke aku jut matur suwun, trus aku scroll2 hp raceto ngilangke canggung. aku jut ditakoni azis neh masalah kerjo saiki prei ra, minggu cen prei o, koe bagian opo to kerjone(aku rodo bingung jawab iki bagian ki maksute opo tempate nendi po kerjomu ki ngopo trus tak jelas ke nek ning jasa pembuatan aplikasi), tak kiro koe cyber scurity(kur guyu titik), wes dialog end, lanjut ro deni takon tokyo revenger dll intine aku rung delok tokyo revenger blas, trus aku takon tekan eps piro ngenteni tamat. es bar kui jut bali aku, ning omah aku belajar tentang hosting, deploying app ning hosting cloud. karo ttd docs seko arkademy, nganti sore y jelas ishoma yoan. bengi bar alwi bali ngulang tpq aku belajar js dasar soale dasar ku cen iseh lemah sih terbukti okeh sek rung tek reti. jut jam 9 nan kae aku main my hero one justice 2 ro alwi, eh rung sido sak ronde bpk rawuh kesusu ar delok andin akhire diseneni jut ngalah wae lah, tak pateni cepoti dll, trus dinggo main alwi dewe ngo laptop, aku jut gae mie go makan malam, diewangi mmk jut wes bar madang aku isek belajar js dasar, karo disambi delok andin, trus aku dikon nutup warung lebokke motor hangeri klambi sek isek teles jut, siap siap tidur, ngenteni bpk delok ustad al untung ngasi rampung jut akhire tiduran scroll2 hp, jut keturon
es itulah minggu yang biasa biasa saja tapi bahagia wkwk
Komentar
Posting Komentar