Hari senin tanggal 28 juni ini aku dibangunkan oleh gempa, dari gunung kidul. aku keroso sendiri dan bpk ku bilang gempa5 aku langsung bangun lari keluar, alwi lagi isah2 mmk bpk rareti agi ngopo. sekitar jam 5 lebih dikit.tapi karena itu aku jadi bisa sholat shubuh nggak qodo', alwi isah2 karo nyanyi2 wkwk, gempa ne es lewat aku mlebu teturon neh karo delok jam 05:30 nek ra salah, aku trus ko biasane ning kamar mandi sek jut sholat shubuh saiki ra qodho alhamdulillah mergo gempa wkwk, trus wiridan ko biasane karo ngrungokke alwi isah2 karo nyanyi, om udin ro lek anib rene neh nakoke gempa mou, cen pendak isuk jalan2, jut aku ngluntung kasur trus nyapu jero ko biasane, ning tengah-tengah nyapu aku ndelok hp ne mmk ono wa seko mbk fina, "aku ndono jam piro mbk" ngono nek ra salah tak kiro mangkat kerjo rene to.
in my mind, ngerti dewe aku isin isihan nek ro mbk fina, tp ngopo isin raono penyebabe. intine aku ki isin nek karo wong wedok bahkan kui sedulurku dewe, mbk risma/lia/salma dll, kecuali sek iseh cilik2. isine ki mergo opo yo? nek ono wong wedok kecuali cah cilik po mmk u, tingkah lakuku dadi bedo lah ra santai ko biasane, koyo salting ora iso nyante. ora ming wong wedok sih asline wong lanang barang sek kenal tp ra akrab/sek rakenal. brati intine aku ki ra nyaman nek ono wong lio ning omahku ki ngerti opo hal sik tak lakoni mbendino ning omah. aku wedi nek wong lio kui ngarani/nganggep aku i wong sek no life/nggak punya kehidupan mung ning omah terus ra due konco. padahal kan rareti yo pikirane uwong, tapi aku tep yakin wong kui bakal miker kui soale aku cen ratau dolan, kur ningomah terus, dolanan hp/laptop, ngedoli wong tuku. wong mesti nganggep aku wong sing ra gaul/ ra seru/ nolife/ wibu/ alim. aku ki intine raseneng nek di anggep ngonoki lah. tapi yo pie neh sifat ku cen kongene, aku cen radue konco akrab ning omah/sekolah/bootcamp/pondok dadi aku rareti galau arep dolan ning ndi ro sopo. drajat sering ngejak aku dolan tapi reti dewe drajat ki nek dolan mbengi paling ning cafe. gek aku ki raseneng dolan mbengi. mbengi wektu ngo istirahat soale. tapi nek malem minggu rpp to wong libur raono kegiatan?. iyo sih balek neh aku ar ngejak dolan sopo, drajat? omahe adoh wonge kota gede mager aku. gek nek aku dolan ro drajat ngko konco2ne drajat dadi koncoku aku dadi dolane ning adoh2. mending ning omah wae. nek konco2 mu dolan kae aku arep nyoba melu lah. bismillah. kui angel soale mencoba keluar dari zona nyaman. biasane ning omah nyekel hp/laptop ngegame fighting. aku arep nyoba main game sek iso mabar opo ngono. ning aku ki lemah nek mabar soale balek neh aku wedi nek di anggep cupu. padal wajar wae to es sue ra main plus aku raiso guyon.. padal quyon ki raperlu dipiker ke metu dewe haruse ning utek ki, ning nek utek es kebak pikiran wedi nek diangep blablabla ide guyon dadi raono. wong wong yo es ngecap aku ki wong kaku kui yo dadi masalah sih, soale wong nek delok aku dee y langsung ketok ko canggung kae. dadi aku mutuske ra melu nimbrung tekmene kui, ben ra merusak suasana. tapi aku pingin due konco. hadeh komplikasi. wes lanjut.
next, bar aku ndelok wa ne mmk. tak omongke ro mmk, jut dijawab jam 9, aku jut nyaranke jam 10 nek es rampung madang(asline ben ra ketemu aku menghidari prediksi suasana canggung) tapi ttp jam 9 mmk le ngkon. jut nyapu es rampung jut aku dikon tuku sayur ro lawuh neh. aku jukuk duet 20 aku reti sak katokku sek tengen jebol gek sek kiwo rajebol(padal jebol). jut tak sak ning kiwo mangkat tekan kono duit ku tibo 10000 trus tak tilii ning sak raono det neh waduh kur ono det 10000 wkwk. trus aku tuku sayur 3 tempe kering, kangkung, dong telo karo gorengan 2 wes pas 10000, tekan ngomah ternyata sek 10000 tibo pas arep mangkat mou hadeh. aku trus ngomong "duh lawuhe kur gorengan loro sak ku jebol duite tibo ning kene" mmk "lapie kurang nek mung kui" aku" gorek ndok wae mak" trus mmk goreng ndok. wes ko biasane gae wedang kucing dipakani breakfast together. alwi ternyata poso, padal aku gae wedang 4. akhire tak ombe gone alwi. rampung madang au jut kon jerengi klambi, alwi kon bukak warung sek wetan, iki es jam set 8 nan, bar jerengi klambi jam 8 nan, aku jut adus, bar adus siap-siap meeting, update trello. jut meeting. report seko mas gemi intine isek ning freelancer(mbuh ratek paham aku lali barang) karo ngomong nek mas arif arip balik ningkaro jogja seko pwr. trus mas kiky gae standar user. aku "aku kemarin hari sabtu, menyeesaikan feature product, dan sudah pr, aku udah minta review mas arif tapi katanya kemarin lagi nggak buka laptop terus next step mau deploy sama manual testing udah belajar juga, tanya-tanya mas arif juga". setelah daily standup aku langsung buru-buru berangkat sampai sana udah ada mbk riska dan tifani, seperti biasa. aku langsung salam duduk ditempat biasanya wkwk, aku nggak pernah ngobrol sama sekali dengan mereka, sumpah bingung mau ngobrol apa gatau. padahal iso "mou gempa kroso ra mbk?" aku kepikirane kur kui, aku meneng wae tanpa ngomong blas ket bali.
iki pas do lungo(aku gunake kesempatan iki go foto wkwk)
ngono ki lah aku nek ning kerjo kur ndepis dewe meneng wae ro ngoding. bar kui sekitar jam 1 nan kae aku kepuyuh, arep ning kamar mandi sisan arep sholat gowo kunci ruangan sisan, mbk 2 mau agi arep madang ning jobo ruangan, mbk tifani es ning jobo jut aku cepet2, ternyata tekan kono salah gowo kunci, balikneh, nglewati mbk 2 mau agi madang meneng wae aku, jikuk kunci jut nglewati neh. rasane pie kae canggung nglewati mbk2 e lagi madang tanpa ngomong opo2. trus tak wanekke ngomong indik kae le ku ngomong canggung soale "wah opo kui enak koyone" riska "opo?"(ra krungu) "opo wi? koyo enak" (isek do ra krungu trus ketoke ndak selak canggung banget) tifani "makan mas" aku "yo"(karo mlaku senyum palsu hadeh kok ngene banget isin aku) gara2 aku sih asline nek ngomong ki sek sero, mending ra ngomong wae nek ra yakin ki, ojo dipeksake. jut aku bukak ruangane, trus ning kamar mandi sek. wudhu, bar kui sholat dzuhur. aku sholat dzhur lali rokaat piro iki, jut tak baleni neh(cen sering ngeneki aku soale pas sholat mikerke kejadian2 sek wes terjadi dadi marai ra khusuk wal hasil lali rokaat e, haduh ngene banget). rampung sholat donga ko biasane, jut aku arep lewat lawang sek pintas, ora ngalang sisan mbukak lah, tapi ternyata kunc gembok e bedo ee yowes lewat biasane wae. lawange ratak kunci neh go sholat ngasar ngko, trus aku tekan kantor balik lingguh neh ndepis ro ngoding. aku ketoke ndelok youtube tentang hosting
iki sek tak delok, aku cen rung tek paham sih sakdurunge delok iki
jut bar kui, aku malah delok youtube terus, ning WPU javascript dasar soale sisan nunggu review mas arif rung sido2 deploye yo wes success pas kui. gek aku delok js dasar waduh okeh tenan sek rung tak reti/pelajaran baru, Rekursif, Variable Scope, Refactoring, Arguments ning function, 2 jenis function declaration (biasa, flexible tekmene hoisting: function pasti dijalankan lebih dulu), expression (dilebokke ning variable jenenge dadi optional, ra keno hoisting, IIFE), this(akhire paham), class di js(akhire paham), object.create(podo ro ({...namaVar}), prototype(akhire paham). pas ning tengah delok WPU mas gemi teko, hess canggung meneh, meneg kabeh raono sek nyapa aku yo ora. padal iso "mas gemi, pie kabare?" ning isin tenan ar ngomong ngonoki ra yakin, koyo mou nek ra yakin mending rasah ngomong wae mah semakin canggung, tenan mung meneng wae raono dialog, trus pas kui, sekitar jam 2 nan kae mbak2 e do meeting ro mas gemi. aku dewe ro lanjut ndelok WPU ketok mbk2 e es do bali aku isek delok WPU. trus aku sholat mas gemu ning ruangan kui aku open dialog "mas sholat durung" mas gemi "durung arep sholat yo" aku ... karo mlaku wudhu. rampung wudhu sajadae tak cepakke njut sholat asar jamaah, rampung mas gemi lanjut garap opo rareti. aku jut bali sisan ngomong, "mas gemi aku balik sek yo" mas gemi "oke siap ati ati" aku "..." jane arep ngomong "oke" ning ra yakin.
Trus aku bali, bayar parkir(asline rabayar ning tukang parkir koyo jaluk bayar e, yowes tak kei wae). bali tekan ngomah es jam 5 punjul kae. mas dahlan ningomah ternyata ngobrol ro bpk bar seko pak halim complain masalah perhitungan nilai ning ra digubris njut curhat ro bpk. wes jut aku teturon ro scroll hp lah. aku dikon tuku lawuh nggo buko alwi. aku tuku rica2 ro endas ning pecel lele ngablak. jut tekan ngomah es magrib kae, aku jut adus sholat magrib. alwi bali seko ngulang ngaji masbuq ro aku, aku njut ndarus alwi madang sek tak tuku mou. trus mlebu ning kamar, bpk bali gowo bakso 2 seko mbk marni, ar dikeke abi moh jut siji go alwi siji go aku, trus sekitar jam 8 nan agi makan malam bersama sambi delok andin. bar madang aku melu delok andin dilit, trus aku ngantuk jam 9 nan, aku mlebu kamar karo scroll hp alwi agek dolan ro kancane, abi ar turu kene, akhire aku keturon bablas
itulah di hari senin iki, urip sederhana seng penting bahagia wkwk bye

Komentar
Posting Komentar